Teks MC Acara Syawalan dalam Bahasa Jawa

Teks Syawalan Cakramas (Cipta Kreasi Muda-mudi Sobayan)

Assalamu'alaikum wr . wb.
Bismillahirrahmanirrahim. Alhamdulillahi robbil 'alamin wabihinasta'inu ngala umuridunya wadin washolatuwassalamu ngala asyrofil mursalin.

Sayidina wamaulana muhammadin wangala alihi washohbihi ajmangin wala khaula wala kuwata ila billahil ngaliyilngadhim ama ba'du

Dumateng ngarsanipun poro bapak poro ibu poro sepuh pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Langkung-langkung dumateng ngarsanipun Bpk..... ingkang tansah kito tenggo-tenggo maungidhoh khasanahipun ingkang tansah dipun mulyakaken dening Allah Swt.

Lan ugi dumateng ngarsanipun Bpk..... ingkang kito hormati ugi. Lan ugi dumateng sedoyo kadang mudo lan mudinipun ingkang kulo tresnani.


Hadirin wal hadirot rokhimakumullah.
Wonten kesempatan ingkang sae puniko monggo kito mboten kesupen ngunjukaken raos pujo lan puji syukur kito wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang tansah paring sedoyo kanikmatan-kanikmatanipun ingkang arupi kesarasan kawilujengan taufik hidayah soho inayahipun sahinggo kulo lan panjenengan sami saged makempal manunggal wonten ing majelis Halal Bi Halal wekdal dalu puniko kanti kawontenan sehat wal afiat. Amin ya robal ngalamin. Sholatullah wasalamuhu mugi tansah keparingaken dateng junjungan kito Nabiullah Muhammad SAW ingkang tansah kito adhang-adhang syafa'atipun lan ugi ingkang badhe nyafa'ati dumateng kulo lan panjenengan sami mbenjang wonten ing yaumul kiamah, amin Allahuma amin.

Hadirin wal hadirot rokhimakumullah. Wonten ing wekdal ingkang sae puniko, kulo lan panjenengan sami nembe kemawon nindakaken Siam Romadhon pinoko Rukun Islam ingkang kaping tigo, lan ugi dinten riyoyo fitri.

Poro bapak poro ibu ingkang dahat kinurmatan, kulo lan panjenengan puniko mboten lepas saking kalepatan soho kekhilafan, awit saking puniko wonten ing kesempatan ingkang sae puniko kito makempal wonten ing Majelis Halalbihalal, majelis ingkang barokah puniko.

Lan mbok bilih anggen kulo nderekaken lampahing Adicoro Halalbihalal dalu puniko temtu kathah kalepatan soho kekhilafan saestu kulo nyuwun agunging pangampunten. Lan minggah ramtamaning adicoro ingkang badhe lumampah wekdal dalu puniko: (ingkang kaping)

1. Pambuko
2. Sholawat Nabi
3. Sambutan Panitia
4. Ikrar Muda-Mudi
5. Panampi Ikrar
6. Istirahat
7. Tahlil
8. Hikmah Syawalan
9. Panutup


Mekaten menggah ramtamaning adicoro ingkang badhe lumampah wekdal dalu puniko.
Poro bapak lan poro ibu, hadirin wal hadirot rokhimakumullah
1. Pramilo monggo majelis wekdal dalu puniko kito bikak sesarengan kanthi waosan Umul Qur'an. Liridhoillah wali syafa'ati rosulillah, al fatikhah...
- Kito aturaken sanget agunging panuwun dumateng poro bapak poro ibu ingkang sampun kerso mbikak Majelis Halalbihalal dalu puniko, mugi-mugi kanti Surotul Fatikhah kolo wau ndadosno lancaring adicoro wekdal dalu puniko.

2. Kito lumajengaken adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan sholawat Nabi. Dumateng ... wekdal soho papan kito aturaken.
- Kito aturaken agunging panuwun dumateng ... ingkang sampun kerso mimpin waosan sholawat nabi kolo wau, mugi-mugi kanti waosan sholawat nabi kolo wau kulo lan panjenengan sami mbenjang wonten ing Yaumul Akhir pikantuk syafa'atipun Nabiullah Muhammad SAW. Khususipun ...

3. Poro bapak poro ibu menggah adicoro ingkang kaping tigo inggh puniko sambutan panitia. Dumateng ... wekdal kulo soho papan kito aturaken.(dst)

Poro bapak poro ibu ingkan kulo hormati, menggah adicoro ingkang kaping ... Hikmah Syawalan soho do'a panutupipun ing samangke kito suwunaken dumateng Al Mukarom Bpk... ananging sakderengipun wekdal kito aturaken, mbok bilih anggen kulo nderekaken acoro demi acoro temtu katah kalepatan soho kekhilafan saestu kulo kanti handaping manah nyuwun agunging pangampunten. Saking kulo, kulo pungkasi Wabilahi taufiq wal hidayah.
 
Wassalamu'alaikum wr. wb.

Ditulis berdasarkan tuturan Mas Sumadi, Anggota Cakramas (Cipta Kreasi Muda-Mudi Sobayan)

DILARANG MENGUTIP TANPA MENCANTUMKAN SUMBER YANG JELAS!

Komentar

  1. Bagus, namun mohon pembenahan ejaan. Penulisan poro, monggo,kito, kerso, kurang pas. Kata-kata tersebut jika ditulis dengan huruf jawa tanpa menggunakan taling-tarung (tanda yang menunjukkan bunyi "o". Sehingga penulisan yang tepat adalah : para, mangga, kita, kersa. Sebagai perbandingan, istrinya sakit dalam bahasa Jawa : bojone lara.
    Istrinya dua, dalam bahasa Jawa : bojone loro. Lara, artinya sakit, loro artinya dua. Semoga bermanfaat, maaf atas kelancangan ini.Sebagai referensi silakan kunjungi : pakeswe.blogspot.com

    BalasHapus
  2. matur nuwun kangge modal awal kedapuk mc b jawine kacau kulo

    BalasHapus

Posting Komentar